Minggu, 08 Maret 2015

teks pranataadicara kegiatan sekolah


Semoga Bermanfaat
Perpisahan Kelas IX SMP N 1 PAKEM

Assalammualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Dhumateng Bapak Kepala Dinas ingkang dahat kinurmatan
Bapak Lurah Pakembinangun ingkang dahat kinurmatan
Bapak Ketua Komite SMPN 1 PAKEM ingkang kula urmati
Bapak Kepala SMPN 1 PAKEM ingkang tuhu minulya
Bapak Ibu Wli Murid kelas IX ingkang kul urmati
Bapak Ibu guru karyawan ingkang tuhu kinurmatan
Sarta para kadhang kanca ingkang kula tresnani

            Mangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuaos , ingkang sampun paring kanugerahan ingkang arubi kasarasan lan kalonggaran wekdal . Supados panjenengan sedaya saget kempal ing aula SMPN 1 PAKEM , kanthi acara perpisahan kelas IX tahn ajaran 2014/2015 . Saderengipun acara ing enjang punika kawiwitan , kula mingka pranata adicara badhe maosaken susunan acara ing enjang punika .

Acara ingkang angka : 1. Pambuka
 2. Sesarengan Nembangaken lagu Indonesia Raya lan Mars
    SMPN 1PAKEM
                                     3. Tanggap wacana saking Bapak Kepala SMPN 1 PAKEM
                                     4. Tanggap wacana saking Bapak Ketua Komite
                                     5. Karawitan saking rencang rencang ekstra karawitan
                                     6. Tanggap wacana saking Bapak Lurah Pakembinangun
                                     7. Tanggap wacana saking Bapak Kepala Dinas
                                     8. Pentas seni saking rencang rencang kelas VII, VIII
                                     9. Wisuda kelas IX
                                    10. Panutup
           
            Kangge pambuka acara menika mangga kula derekaken maos basmalah kagem para sedherek ingkang agami Islam , kalian ingkang agami sanesipun kula sumanggaaken . Dedonga kawiwitan “Bismillahirrahmanirrahim” cekap ! Acara ing enjang punika sampun kawiwitan , ngancik acara angka kaping kalih inggih menika , kula lan panjenengan sedaya sami sesarengan nembangken lagu Indonesia Raya lan Mars SMPN 1 PAKEM . Dhumateng sederek dirigen , wekdal saha papan kula sumanggakaken .... Matur nuwun dhumateng sederek dirigen , acara kaping tiga inggih menika tanggap wacana saking Bapak Kepala SMPN 1 PAKEM , dhumateng Bapak Bapak Wakijo S.Pd wekdal saha papan kula sumanggakaken .... Matur nuwun dhumateng Bapak Wakijo S.Pd , ngancik acara kaping sekawan inggih menika , tanggap wacana saking Bapak Ketua Komite. Papan saha wekdal kula sumanggakaken... matur nuwun dhumateng Bapak Ketua Komite .
            Acara saklajengipun inggih menika karawitan saking rencang rencang ekstra karawitan . Sakderengipun diwiwiti , mugi mugi karawitan menika saged ngicali sakedhik kategangan ing acara enjang punika . Dhumateng rencang rencang karawitan wekdal saha papa kula sumanggakaken ... matur nuwun dhumateng rencang rencang . Ngancik acara saklajengipun inggih menika , tanggap wacana saking Bapak Lurah Pakembinangun , papan saha wekdal kula aturaken ....
Matur nuwun dhumateng Bapak Lurah Pakembinangun . Acara kaping pitu inggih menika , tanggap wacana Saking Bapak Kepala Dinas. Papa saha wekdal kula aturaken ... matur nuwun dhumateng Bapak Kepala Dinas . Acara ingkang sampun dipun tenggo kawit wau inggih menika pentas seni , dhumateng rencang rencang ingkang badhe ngisi acara pentas seni , wekdal saha papan kula aturaken .... Matur nuwun dhumateng rencang rencang ingkang sampun paring panglipur .

            Para tamu undangan ingkang tuhu minulya , acara saklajengipun inggih menika acara puncak saking acara perpisahan ing enjang menika . Saklajengipun inggih menika acara wisuda kelas IX , dhumateng panitia wekdal saha papan kula sumanggakaken ... matur nuwun dhumateng panitia . Saklajengipun inggih menika adicara panutup . Dhumateng para sederek ingkang sampun nglonggaraken wekdal saget ndherek acara menika ngantos pungkasan , kula ngaturaken matur nuwun . Kula nyuwun pangapunten dhumateng para sedherek menawi kula gadhah klenta – klentu dening nderekaken acara ing enjang menika . Mangga acara ing enjang menika kita tutup kathi maos hamdallah sesarengan kagem para sedherek ingkang agami Islam , kalian agami sanesipun kula sumanggakaken . Dedoga kawiwitan “Alhmdulillahhirabbilalamin” cekap ! Acara ing enjang punika sampun pungkasan , kula ngaturaken sugeng kundur saget ngantos griya panjenengan sedaya kanthi lir ing sambekala .

Wassalammualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh



Tidak ada komentar:

Posting Komentar